Kamis, 22 April 2010

Pidato Bahasa Jawa (sharing aja)

Assalamualaikum wr.wb.

Ingkang dahat kinurmatan Kepala SMP Negeri 1 Bojonegoro, Bapak Drs. H. Suyitno, M.Pd, Bapak Ibu guru lan Staf Tata Usaha ingkang dahat kinurmatan lan kanca-kanca saha adik-adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Kuaos. Kula minangka wakil saking murid kelas 9 ing SMP Negeri 1 Bojonegoro ngaturaken syukur ingkang tanpa upami dhumateng ngarsanipun Gusti Allah paring kawilujengan lan paring sadaya nikmat dhateng para sedaya sampun rawuh ing acara “Perpisahan Kelas 9 tahun 2009/2010” menika.


Dhateng adicara menika kula kados wakil kelas 9 badhe ngaturaken matur sembah nuwun kagem bapak lan ibu guru ingkang sampun maringi ilmu kagem kula sakanca salami 3 warsa menika. Sekalihan kagem adik-adik kelas mugi-mugi saged luwih dadosaken SMP Negeri 1 Bojonegoro menika ingkang gadhah prestasi manjila. Kula sakanca nyuwun pamit dhateng bapak lan ibu guru sekalihan badhe nempa pendidikan ingkang salejingipun, inggih punika dhateng SMA. Sekalihan kula sakanca nyuwun pangestu kagem bapak lan ibu guru kalihan nyuwun agengipun sih samodra pangatsami dateng bapak lan ibu guru.


Cekap semanten ingkang saged kula aturaken, menawi wonten kalepatanipun, kula nyuwun pangapunten ingkang kathah. Matur nuwun.


Wassalamualaikum wr.wb.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar

 
Copyright © 2010 Jagad GaLove Galuh | Design : Noyod.Com | Images : Red_Priest_Usada, flashouille